Aku, Mas Rudi, lan Dluwang Sasuwek Lakon Uripmu
Hotel isih sepi. Ruang resepsionis sing bakal kanggo registrasi uga dum-duman kamar, ya lagi dicawisake. Sofa werna kuning sakngarepe meja resepsionis sing sajake pancen dicawisake kanggo tamu, dadi jujukanku. Koper, tas gendhong sing isine laptop komplit sak charge e dak selehke kono. Aku ngunjal ambegan, bapake Go-Jeg mau ora kleru. Adate menawa undangan cek in jam loro awan, bubar dhuhur ngene iki, mesti isih sepi.
"Rin, sampeyan Rino ta?” Suara sawijineng pawongan dumadakan nangekne aku, saka gumunku karo kahanan hotel sing ditata rapi tur klasik.
Aku rada kaget, suara pawongan mau jebul Retno. Wanita sing rolas tahun kepungkur, nate cedhak karo aku. Saiki dheweke ngadeg ana ngarepku.
Tangan tengene isih nyekel koper. Tas Polo gendong e isih nemplok ana gegere. Kudhung werna biru langit, rok jin longgar uga jaketan bludru. Persis nalika pungkasan ketemu, sak durunge pisahan.
“Ho'oh Nok..”, wangsulanku marang dheweke. Retno Kinasih, kanca jaman cilikanku, sing dijodhokne Bapake, karo pria pilihane.
“Piye Rin, kabarmu? Suwi banget awake dhewe ora ketemu.”
Aku durung bisa wangsulan. Iki ngimpi apa ora. Iki Retno tenan apa dudu. Durung sida aku mangsuli, wanita sing wis dianggep anak dening bapak lan ibuku uga dianggep adhi wedok Yu Narti iku, nglanjutake guneme.
"Rin, aku is nyoba takon Sibu, Bapak, takon Mbak Narti, ora ana sing gelem blaka papan dunungmu. Apa maneh sibu, sajake Bapak, Sibu, Mbak Narti, isih gela karo aku.”
Bapak lan ibu peputara telu. Mas Singgih, Mbak Narti, aku. Sanadyan urip neng ndesa, merga kanugrahaning Gusti, keluargaku iso urip lumrah kaya liyane. Bapak dipercaya dadi Bayan utawa kepala dusun. Asile panen lungguh bayan ana lor ndesa, isoh kanggo ragat kuliah.
“Alhamdulillah Nok, kabarku apik. Kabare Bapak piye?”, Retno ora wangsulan. Apa suaraku kurang seru, apa merga ana kahanan liya, aku ora ngerti.
Kahanan Hotel isih mamring. Retno nyelehake gawane. Koper, tas gendhong, uga tas kresek sing sajake isi panganan uga diselehke. Dheweke banjur lungguh njejeri aku. Ora ana sing malih saka dheweke, ya mung saiki nganggo kacamata. Retno putrane Pak Kades, Pak Nugroho, kanca kenthel bapak.
“Bapak wis seda Rin, setahun sak bubare aku ijab, bapak kapundhut.”, semaure Retno.
“Innalillahi wa Inna Ilaihi Roiju’un.. muga husnul khotimah Nok Bapakmu”
Kahanan rada lerem sak wetara. Luhe Retno ora bisa kabendung, sanadyan kaampet, kapeksa tumetes dleweran. Dheweke njupuk tisu, banjur kaca mata minuse kacopot.
“Iya Rin, muga Bapak husnul khotmah. Aku njaluk ngapura Rin marang awakmu, luputku, bapak, Mas Rudi lan keluwargaku”,
“Bab apa Nok?” wangsulanku rada bingung.
“Bab apa wae Rin. Sakpungkure bapak kapundhut, ora let suwe Mas Rudi Gerah. Gerahe ora sangsaya suda malah dadi jalaran pati Rin”, Critane Retno, nglanjutne tembunge. Aku uga ora takon Mas Rudi gerah apa.
Kandhane Retno kandeg. Suara sumringah sing mau wiwitan ketemu, saiki malih. Aku urung bisa mangsuli, Retno uga isih ngelapi eluhe sing sang saya suwe saya ngembes. Dheweke banjur unjal ambegan, nerusake critane.
"Rin, sak durunge Mas Rudi seda, Mas Rudi titip ngapura marang awakmu. Mas Rudi ngaku luput, Mas Rudi ngaku kleru. Mas Rudi ngerti menawa kowe ya duwe pengarep marang aku. Lusan, kui sing ndadekne Mas Rudi rumangsa menang sakdurunge tanding.”

Krungu critane Retno, aku dadi kelingan kertas sak suwek, sing meh wae tak kirim kanggo Retno welasan tahun kepungkur. Kertas sing sidane mung dadi dluwang saksuwek lelakon uripku karo Retno.
“Áku melu bela sungkawa Nok, marang lakonmu. Aja dadi atimu, sakwise Bapakmu nampa lamarane Mas Rudi, aku blandhang kabur kanginan Nok tekan Kalimantan. Wis saiki diusapi luhmu, diagem neh Nok kaca tingalmu. Ditampa lelakon iki, mugi Gusti paring pitedah, kekuatan supaya awakmu teteg .”
“Mangga Pak Bu, Registrasi sampun siyap”, suarane panitia saka mburi meja registrasi, mbuyarke rembuganku karo Retno.
“Nggih Mbak, Sekedhap”, semaurku.
Retno ora semaur. Dheweke nata ati, nata kaca tingale. Sepuluh dina iki, aku, Retno bakal kerep ketemu. Mundhi dhawuh P4TK Matematika Ngayogyakarta. Kegiatan Pembekalan Guru Inti Wulangan Matematika.
Sukoharjo, 12 Januari 2007
Kanggo, Retno Kinasih
Sanadyan aku karo sliramu ora bisa nyawiji, Bombong atiku dene Gusti marengke aku srawung karo awakmu. Nadyan jroning ati rasa ne kaya diiris-iris, perih, lara.
Ora ana sing kleru menawa sira bangun turut marang wong atuwamu. Aku ya ora bakal meksa ibu bapakku kudu nyarujuki kenya pilihanku. Kasunyatane kowe anak kapisan, aku katelu. Tak kira anane ramamu nampa lamarane Rudi rak ya merga ngerteni kasunyatan iki. Bapakmu isih ngugemi menawa anak katelu-kapisan kuwi ora entuk urip bebrayan.
Rudi ora kleru, bapak mu ya ora salah, sing luput aku. Mula tulung diapura. Aku uwis ngarep-ngarep panggonan lowong jroning atimu kuwi kanggo aku.
Aku ora ngira menawa Mas Rudi duwe rasa marang sliramu. Mas Rudi ora tau crita, blas. Ibarate aku karo deweke ora tau pisah. Neng kampus, ana aku ana Mas Rudi.
Lair, pati jodho uwis garising Gusti Nok. Sanadyan sak isine donya iki nyarujuki, menawa dudu jodhone ora bakal bisa sesandhingan. Masia sak isine donya iki nyelaki, menawa iku jodhomu, ora ana sing bisa ngalangi.
Crita iki cukup kanggo aku karo kowe. Rudi ora perlu ngerti. Apa maneh suk menawa wis dadi sisihanmu. Sliramu rak ya ngerti, aku karo Mas Rudi uwis kaya kakang adhi.
Aku tak sumingkir, ngadoh. Wiwit saiki nomer HP mu tak busak saka daftar kontak ku. Menawa mbesuk ana rejaning jaman awake dhewe ketemu, aku ora bakal lali. Mung bae, aku ajar nglalekne sliramu.
Sing ora Kendhat Nresnani Sliramu,
Tyas Aji Rinasa